Lirik Lagu Tegalan : Poma Rong Poma

Nyungsang njempalit, enyong ngudag rejeki
Nggo makani bojo, karo anak loro
Saben dinane enyong kudu riwa-riwi
Nggoleti gawean sing bisa dadi duit

Kadang mangkat esuk balike bengi
Kadang ninggal sholat klanen ngaji
Mung bae hasile... belih ngorupi
Kayong ngenes temen nasibe wong lanang, sing gemiyen sungkan luruh kepinteran

Hai... bocah enom' aja nganti urip kaya enyong
Umpamane sambel terasi laka uyahe
Nyesel saiki langka gunane
Mung bisa pasrah, apa anjoge ?

Enyong mung nuturi
Kentenga ngangsuh ilmu dinggo sangu
Mbesuk angger ngalami tua
Ora keder luruh sandang pangan

Urip bakal seneng, ibadah anteng...
Poma rong poma, aja pada tiru enyong
Cukup samene, enyong bae contone...

0 Response to "Lirik Lagu Tegalan : Poma Rong Poma"

Post a Comment

Puisi : Surat Cinta Untuk Pendosa

Hai, apa kabar... Bagaimana keadaanmu ? Apa kau baik-baik saja atau sebagainya ? Sekarang kau tinggal dimana ? Aku tahu kau sedang berse...