Lirik Lagu Tegalan : Luruh Ilmu

Ya Ngandel Nyong Sih Ngomong Apa
Lagi Kon Sekolah Ora Gelem
Krasa Kajogan Barang Wis Kaplak
Wis Kaplak-Wis Kaplak

Kiye Lagu Sing Judule Luruh Ilmu
Sing Nembang Bocahe Gering Ora Lemu
Ora Kurang Pangan Ora Penyakitan
Tapi Sebabe Pancen Kakeyen Pikiran

Ya Maklum Enyong IQ-ne Pas-pasan
Mulane Bocah Luruh Ilmu Sing Temenanan
Soale Wajib Awit Ceprot Sampe Mati

Presiden Nganjurna Sekolah Sampe Lanjutan
Jarene Ora Dipungut Bayaran
Tapi Sejen Karo Ana Ning Kenyataan 

Cita-citane Dari Guru Agama
Belajar Ngaji Esih Alip Ba Ta Sa
Awit Sing Mlebu TK Nganti Sarjana
Kon Mulang Awake Deweke Ora Bisa

Kanggo Apa Sekolah Duwur-Duwur
Yen Wis Lulus Jebule Esih Nganggur
Aja Ringokna Nada Suara Ngawur
Sing Ngomong Lagi Nonton Sinetron Si Doel

Memang Bener Apa Jarene Uwong
Pengin Kepenak Kerja Kudu Nganggo Ilmu
Tapi Ilmu Dudu Nganggo Luruh Kerja

Luruh Ilmu Memang Akeh Lika-liku
Luruh Kerja Juga Akeh Lika-liku
Liku-liku Cari Sekolah
Liku-liku Menjadi Kuli

Yen Duwe Ilmu Wis Dijamin Makmur
Pengin Dadi Apa Bae Wis Bisa Diukur
Asal Aja Sampe Dadi Dukun Cabul 

Esih Mending Yen Dadi Dukun Sunat
Apa Luwih Apik Yen Dadi Dukun Bayi 
Grayangan Rogoh Tapi Olih Gaji 

Cita-cita Boleh Setinggi Langit
Asa Njaluk Ning Tempat Sing Singit
Mbokan Dadi Tumbale Para Dedemit
Ente Kabeh Bisa Dadi Apa Bae

Sing Penting Ente Wis Ana Ilmune
Dadi Penyiar Kayak Zaldi SA
Apa Dadi Penyair Kayak Apito Lahire
Apa Dadi Dalang Kayak Ki Enthus Susmono 

Luruh Ilmu Ora Susah Royal Kadal
Ora Mesti Kudu Nebus Sing Formal
Sing Penting Nimba Ilmu Endah Pinter

Bocah Pinter-bocah Pinter
Mbesuk Dadi Dokter
Bocah Bodo-boca Bodo 
Mbesuk Dadi Kebo

0 Response to "Lirik Lagu Tegalan : Luruh Ilmu "

Post a Comment

Puisi : Surat Cinta Untuk Pendosa

Hai, apa kabar... Bagaimana keadaanmu ? Apa kau baik-baik saja atau sebagainya ? Sekarang kau tinggal dimana ? Aku tahu kau sedang berse...